Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak kepala madrasah ingkng kawula hormati,bapak/ibu guru ingkang kawula hormati, staf karyawan madrasah ingkang kawula hormati, ugi kanca-kanca lan adik-adik sedaya ingkang kawula tresnani. Mangga kita sedaya raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan, sahengga kita sedaya waged makempal ing papan menika tanpa alangan satunggal punapa. Salawat lan salam uga kita raosaken dumateng junjungan kaita nabi Muhammad SAW, ingkang kita tengga-tengga syafa’atipun benjang ing yaumul qiyamah. Ingkang nomer setunggal, kula makili kanca-kanca kelas IX badhe ngaturaken atur panuwun ingkang sakathah-kathahipun dumateng bapak/ibu guru ingkang sampun mbimbing kita, sahengga kula sakanca waged lulus knthi biji ingkang sae.
Kula ugi badhe nyuwun ngapunten menawi kula sakanca wonten lepatipun kaliyan bapak/ibu guru lan adik-adik sedaya. Kula sakanca inggih badhe nyuwun tambah donganipun saking bapak/ibu guru lan adik-adik sedaya, mugi-mugi kula sakanca waged nurusaken ing madrasah aliah ingkang kawula lan kanca-kanca idamaken. Kula inggih dongakken mugi-mugi adik-adik sedaya waged minggah kelas kanthi biji ingkang sae. Kula ugi nyuwun supados adik-adik waged njagi asma sae madrasah kita. Mugi-mugi madrasah kita punika dados madrasah ingkang “favorit”. Amin… Kula kinten cekap semanten anggenipun kula matur, menawi wonten lepatipun anggenipun kawula matur kula nyuwun sih samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.